mesakke men mbah bayan kae..meh nutukke nyambut gawe neng sawah dai ra kelakon, goro-goro putune nangis gulung koming neng teras omahe..
jane putune lanang kuwi mau lagi dolanan neker karo kanca-kancane neng kebon nggone tonggone, nanging gandheng keluwen bocah kuwi bali meh mangan..bali mulih banjur dodoki lawang karo njeluki mbahe, nanging ara ono jawaban soko mbahe..dadi nangis.
tangisanne banter dadi gawe geger tonggone..dirih-rih ora iso malah tambah ngamuk..do bingung karo bocah sing lagi kelas siji sd kuwi, ora mudeng kekarepane kuwi opo..
tak celuk wae mbahe sing lagi nyawah neng lor ndeso kono, ketemu banjur mbah bayan tak goncengke mulih..
tekan ngomah langsung dicandak lan digowo mlebu omah, mbuh piye critane mbah bayan dadi melu nangis..sajake ora kuat ngulatke kahanan putune kuwi..mesakke kurang katresnan soko wong tuane dewe sing golek koyo neng jakarta..
saiki bocah kuwi wis turu saking kekeselen ugo luwe..karo ngemban putune mbah bayan lungo, jare meh tuku lawuh kanggo mangan putune yen wis tangi mengko..