goro-goro lek-lekan bayi mambengi marakke tangiku kerinan..acara sing wis tak toto apik-apik dadi mawut..
suoo banter jam weker sing biasane gandhang ora kroso babar blas saking anglere turuku..
kencanan karo konco dadi telat..bingung, kemrungsung dadi siji..
wis ra iso mikir opo-opo, langsung wae aku raup, sikatan, nelesi rambut men ketok klimis, karo sing keri dewe nyemprotke minyak wangi neng awak karo klambi..
tanpo sarapan langsung wae dlujur ngoyak wektu..telat-telat..ngebut wae men ndang tekan ..bar bangjo ngendi mau daerah dalan slamet riyadi, ngerti-ngerti aku dipepet polisi kon minggir..tak pikir-pikir nduwe salah opo aku iki...masyaallah aku lagi sadar yen aku iki k ngomah ora nggunakke helm..pasrah wae..entuk tilang..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar