Sabtu, 22 Oktober 2016

mbah menik

80 taun kiro-kiro umure mbah menik kui..nanging isih ethes anggone tumandang gawe golek duwit, dodolan panganan mubeng turut sekolah, bathine ora sepiro nanging kanggo alesan kanggo gerak awak karo pikiran ugo kanggo hiburan tinimbang meneng wae neng ngomah..
wes suwe mbah menik urip dewe..neng ngomah joglo sing nduweni latar ombo kuwi..nanging yen wayah wengiono tonggone sing ngancani turu neng omahe sing ombo kui..
sakjane anak-anake mbah menik nyobo mboyong nanging ora tau krasan manggon dadi siji neng gone anak-anake sing duwe omah neng kutho liyo..ugo anak-anake yo wis nyobo ngelikke yen ojo dodolan, amargo umure lan tenagane wis ora koyo mbiyen meneh, nanging mbah menik ora nggagas..
duwite mbah menik jane ora sithik, sokongan soko anak-anake sing wis dadi uwong kabeh ngluwihi cukup kanggo kebutuhan urip sabendinane.. nanging mbah menik ugo duwe alesan dewe, yoiku ora arep ngrepoti anak-anake..mbuh tekan kapan mbah menik dodolan...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar