Kamis, 27 Oktober 2016

wong mbarang

esuk-esuk koyo ngene wis ono wong mbarang..ketok lawang omah mengo, ujug-ujug tanpo kulo nuwun nyanyi karo genjrang-genjreng gitare.. dadi kepekso golek-golek duwi receh neng kamar kanggo upah, men ndang lungo..
ngematke suarane yo ora apik-apik banget, nanging lagu sing dinyanyekke kuwi marai..marai kelingan marang suwargi bapak..
koyo lagi wingi bapak lungguhan ngepenakke awak karo nyanyi tembang lawasan neng sofa kamar tamu...tibaknen wes ra kroso meh sepuluh taun bapak wes ra ono..
goro-goro lagu kui dadi kangen bapak..goro goro wong mbarang kui aku langsung nyekar lan dongakke neng pasareane..bapak aku kangen..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar