opo bakal urip dewe uwong kuwi..kumpulan ben sasi ora tau gelem, layatan tok-toke duwe perlu, tilikan ora gelem metu, tonggo duwe gawe ora nggagas, gotong royong yo isone semoyo minggat ..gek piye wong kuwi..urip neng kampung kok koyo ngono..
dipadakke neng kutho gedhe wae..kiwo tengen jejer omah wae do ra podho kenal..aneh..opo ra mudheng uripmu neng ngendi saiki yo..sak geleme dewe..
aten-atene angel, ramah wae ora, rumangsaku ora ono tonggone sing dicocoki..ora lanang wedoke podho wae..peh anak-anake dadi-dadi, sedulure sugih-sugih po piye..hah!!
po anakmu karo sedulurmu meh moro dhisik dewe yen ono opo-opo karo kowe..ra urungo yo mbutuhke lan ngrepoti tonggo teparo..
tonggo kuwi ngaraku sedulur sing paling cedhak dewe..yen awake dewe apikan marang wong liyo awake dewe yo tentune entuk panen kabecikan..
tonggo kuwi ngaraku sedulur sing paling cedhak dewe..yen awake dewe apikan marang wong liyo awake dewe yo tentune entuk panen kabecikan..
yo wis ben dirasakke dewe sesuk, yen ono opo-opo songgonen dewe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar