Jumat, 21 Oktober 2016

piye dadine

ibu kuwi tak kon mlebu banjur tak kon leren neng teras omah ..sajake lemes karo bingung anggone goleki alamat sedulure, howo panase koyo ngene gek ngepit dewe sisan..mesakke tenan.
tak jagongi karo tak gawekke wedang anyep sing tak jupuk soko kulkas..
sak durunge pamit ngepit ngulon, tak baleni maneh leh ku ngancer-anceri alamate sedulure mau supoyo ora bingung maneh..
sak durunge nutukke lakune aku "nyuwun sewu bu..kulo mboten saget nyaosi nopo-nopo ngih bu.. namung niki kemawon..atos-atos.."
aku ngomong karo ngekekke banyu botolan karo duwit, jane emoh nanging tak pekso langsung tak cekelke tangane..wong tuwo kui mbrebes mili karo ngaturke maturnuwun..
untung wae bu nggowo alamate sedulurmu bu..yen ora..trus piye dadine..
mesakke temen ibu kuwi, dadi kelingan simbokku sing dino iki lagi neng semarang, tilik putune lanang sing lagi lair..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar