gendul kopi bu..!! pancen gandhang suarane ibu-ibu tukang gendul kopi sing lagi liwat mau..ujug-ujug simbok ngundang ibu sing mlaku sinambi gowo bagor sing di taleni lendang neng gegere..
neng gudang etan omah ketoke akeh barang-barang sing ora kanggo koyo buku, koran, kerdus, botol plastik karo beling sing diklumpukke simbok...
ananging salah anggonku mbethek, tibake simbok meh ngedol sandal-sandal amoh, klambine suwargi bapak sing ono neng lemari kamare, karo kipas angin rusak sing gemlethek neng pojokan kamar mburi..
sajake simbok karo bakul gendul kopi kuwi lagi itung-itungan rego..ra suwe bar bakule lungo, simbok ngguya-ngguyu karo pamer duwit neng ngarepku.. "payu piro bu"..simbok jawab: "ra kandhani.."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar