Selasa, 25 Oktober 2016

lali jaman mbiyene

sombonge wong kuwi..jane yo isih koncoku sekolah jaman dhisik, peh wis duweni opo-opo, lagake koyo wong gedhe..eling-eling wong sugih anyaran..
oalah le..le..mbok ngelingi jaman mbiyen..akeh wong sing nulungi uripe keluargamu saben dinane..lali??
wis podo ngerti kabeh yen keluargamu kuwi nggantungke urip soko welas asihe tonggo-tonggo neng kampungmu iki..soko pangan, sandang, papan, nganti kebutuhan sekolahmu jaman semono kui soko sokongan poro wargo dukuh iki..
aku mudeng yen gampang banget gusti allah kuwi nggawe munggah muduke drajat abdine..aku yo mudheng yen ora tentu rodo kuwi muter..kolo neng ngisor neng kolo neng dhuwur..nanging kok dadine koyo ngono..
adigang, adigung, adiguna, lan sewenang-wenang marang liyan..sajake kowe anyel karo uripmu mbiyen..dadi nglalekke sak kabehe..
ra entek-entek yen gur menungso siji koyo kowe..yo wis koyo ngono kuwi yen kere munggah bale..hahaha..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar