Jumat, 21 Oktober 2016

lamaran gawean

wes pirang-pirang sasi anggonku nganggur durung entuk gawean, sak jane yo ora nganggur-nganggur banget..isih ono kegiatan parkir neng gedung serba guna kelurahan, kerjo pocokan ning restoran utowo hotel, utowo sok dijaki konco ngewangi ketringan..
pengenku golek gawean sing mesthi, soale yo wis ora penak ditonton tonggo teparo..
liyo dino aku entuk woro-woro lowongan gawean soko koran..akeh banget nganti darik-darik lowongan sing dipasang neng kono..
tak pilihi sing kanggoku cocok, lan entuk salah siji lowongan soko perusahaan kuliner sing wis misuwur neng jawa tengah..perusahaan kuwi mbutuhke akeh karyawan kanggo bukak cabang neng kutho solo iki..langsung tak catet wae ubo rampe kanggo syarat lamarane..
aku ugo ngandani kancaku sing koyo aku isih nganggur neng omah..bebarengan nglamar bareng, bebarengan test bareng..
meh sesasi anggonku genteni layang utowo telpun soko perusahaan kui, nanging ora ono britane aku ketompo..bedo karo kancaku mau, let seminggu wae langsung kon mlebu treningan kerjo..
piye yen ngene ki..? sing susah golek-golek kabar kok malah...ngertio mbiyen...
ah ra usah gresah lah..tak anggep wae dudu rejekiku..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar