suoro gedubrak mau asale soko ember sampahe tonggoku, sampahe semebar pating besasik nganti tengah dalan ngarep omahe..amarrgo kucing padu rebutan pangan..
jane mau wes tak gusah nganti mbalang watu barang, nanging ora suwe kok bali maneh neng panggonan mau..
meang-meong banter..cakar-cakaran ra karuan, tubruk-tubrukan karo marai mangkel wong meh turu wae..wis tak tokke wae, wis ben wong liyo genti sing gusah kucing padu kuwi..
cing-kucing..meh mangan wae ndadak rebutan tekan padu barang..mbok sing rukun karo konco dewe, di dum loro kan yo iso..
suoro kucing padune do ilang..opo wis ono wong sing gusah amargo keganggu utowo krungu anggonku gresah mau..ah mbuh..ngantuk, tak nutukke turu sik..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar