dalan tumuju sekarmaloyo iki wes didandani kanthi apik amargo urunan poro wargo sing duweni sanak lan kadang sing di sarekke neng pasarean iki..ora gur dalan tok sing wis di mester alus, nanging dibangun bale cilik kanggo acara nyadran, karo sumur kompo..
sumur kompo sing panggonane neng tengah sarean kuwi migunani tenan. bentuke pancen kuno ananging migunani tenan.. kanggo resik-resik awak uwong-uwong sing bar nyarekke mayit utowo gur saperlu nyekar wae..
dadi saiki do ora perlu mampir neng mesjid sing ora adoh soko pasarean kuwi.
ora koyo mbiyen saiki pasarean kui katon apik, resik, dadi yen mongso rendheng ora was-was maneh amargo wis ora jeblog lan lunyu meneh koyo mbiyen..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar