Senin, 17 Oktober 2016

njaplak

ngene ki yen mau bengi ora sinau, bingung ngadepi ulangan dadakan sing di warak-warakke bu guru lagi wae...akeh konco-konco sing bingung ngadepi perkoro iki..poro murid do podho gresah ora siap..
yo nasib uwong koyo aku ngene ki sing ra tau sinau, geleme mblayang nganti wengi terus turu..
jane yen gelem sinau, tentune iso wae nggarap soal sig lagi wae didomke bu guru..wong jare kabeh soal iki jawabanne ono neng buku..
clinga-clinguk..nolah-noleh... bingung dewe...buntet tenan pikiranku..
akhire eneng dalan neng utekku..yoiku njaplak..nanging kudu ati-ati anggonku njaplak mengko, amargo gurune galake marai edan..
nolah-noleh tak sambi mbukaki kebetan buku..deg-degane marai jantung koyo ndang copot-copoto..terus durung dioyak wektu nganti kringet metu ra kroso nelesi klambiku..
akhire rampung kanthi sukses soal-soal ulangan mau tak jawab..nanging aku ra kroso neng mburikuket mau bu guru galak kui ngawasi solah tingkahku..artine aku wis konangan olehku njaplak..
langsung wae aku di bengoki lan di jewer  trus kon metu soko kelas..neng ngarep kelas aku mung iso theleg-theleg gelani nasibku..
mbuh piye nasib ulanganku mau..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar