Rabu, 19 Oktober 2016

nemu dhuwit

ra sengojo pas meh mbuwang sampah neng ngarep omah, aku nemu dhuwit gemlethek neng dalan..tak jupuk wae lan langsung tak etung...wah telung atus ewu jumlahe, wuakeh tenan kui...
ra suwe aku mlebu omah langsung tak warak-warakke ning ibu,bojo, lan adiku..nanging ora eneng sing kroso kelangan duwi semono kui...
wah mesakke tenan sing kelangan dhuwit kui, cacahe semono gek jaman saiki..
aku wegah woro-woro neng liyan..wediku akeh sing ora tanggung jawab ngaku-aku bab dhuwit kui... 
terus terang wae aku karo keluargaku ora duwe pikiran meh ngepek duwih kui...keweden dewe malahan..
tak enteni nganti sesasi, nanging ora eneng wong yo tonggo utowo wong sing liwat grenengen  kelangan dhuwit...
wes sesasi kliwat, aku matur karo ibuku yen duwit kui di infakke wae neng mesjid omahku...aku lan keluargaku wedi yen duit kui marakke ciloko.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar