"mangke dalu kemawon mas..mboten mangke mawon..wah nyuwun sewu mboten saget..sak meniko kulo nembe teng dhusun kalian sedherek niku mas..njih..njih..jenengan mangke kulo entosi teng griyo jam wolu dalu nggih mas...pun semerep griyo kulo to...?? nyuwun ngapunten gih mas.. njih...sami-sami mas.."
wah jos tenan pakheku kuwi, uwonge sopan, gemrapyak karo uwong, sumeh, blater, lan bares ..gawe uwong iso kegodo lan percoyo marang omongane..
saben dinone ono wae sing nggoleki..ora esuk..ora awan..ora sore..ora wengi..akeh-akehe bab bisnis..
sak bubare pensiun dadi guru pakdhe nyobo makelaran..opo-opo sing iso dadi duwit dimakelarke..yo contone koyo mau kui, namung paitan cangkem wae soko telpon..iso ndadekke duwit..
konco-koncone akeh tenan soko buruh tani nganti mentri, barang-barang sing di bisniske yo akeh, soko wesi, wedhus, sapi, sawah, omah, ,montor rodo papat lan isih eneng maniko werno sing liyane..
mulane aku pengen meguru karo pakdhe mumpung isih enom koyo ngene, ajar sinau coro bisnis sing halal...golek samben kanggo tambahan..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar