Jumat, 21 Oktober 2016

dolanan neng dalan

pirang-pirang dino iki bocah-bocah cilik sing ono ning kampungkulagi do podho seneng dolanan bal-balan neng angarep omahku..jare ibuku, do dolanan neng kene amargo diusir karo sing duwe omah tingkat etan prapatan cilik kae, kiro kiro sebabe mbrebegi sing duwe..
sajake wong kuwi ora tau ngalami dadi bocah, padahal yo nduwe anak cilik..kudune polahe cah cilik ngono kui kudu dimaklumi, nakale cah cilik kuwi sepiro to yo..sing penting do ra tumindak olo wae..
dalan ngarep omahku kuwi saiki dadi tambah rame..ora gur wong sing bendinane liwat pating sliwer ngetan ngulon, ugo ditambahi bocah-bocah sing podo dolanan bal-balan..suarane do podo gembrambyang mbrebegi kuping, nanging yo ngguyokke yen ditamatke solah tingkahe..
awake dewe kudune do podo paham, yen jaman saiki kebon suwung wes ra ono, lapangan yo ora ono, panggonan sing ombo lan  aman kanggo bocah yo ara ono..mesakke bocah-bocah cilik jaman saiki, dolanane neng dalan..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar