sepatu anyar sing tak enggo kerjo iki lagi wae soko bakul sepatu langgananku neng daerah kartasura..aku tuku neng kono amargo sepatuku wes rusak amargo suwek kulite..

tak tamatke, tak demoki, tak coboni siji-siji..nanging aku ngesir salah sijineng sepatu sing isih kinyis-kinyis rupa lan bentuke koyo barang anyar..
itung-itungan daden karo bakule, nanging aku isih tombok meneh wolung puluh ewu sanadyan uwis nganggo tambahan sepatu sing tak gowo soko omah mau..sido ora sido ora..yo wis tak tuku wae selak ilang barang sepatu ireng kui dituku wong liyo..
ojo ngomong sopo-sopo yo yen sepatu iki tukune tukar-tambah..soale aku ngaku karo konco-koncoku regane rongatus ewu ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar