wis ngene kiyen ora nduwe komputer dewe neng ngomah..ndadak wira-wiri moro neng warnet..untung wae panggone ora adoh soko omah, dadi sewanci-wanci iso gunakke kanthi eco sekeco...
oh yo..hobiku nglumpukke barang lawasan..sing tak tuku soko klithikan, dadine ben entuk barang koyo kaset, komik, jam weker, kamera, pager, telepon, lan liya-liyane langsung wae tak photo neng ngomah lan langsung tumuju warnet kanggo dilebokke neng blogku..
wis dadi pengangenku yen blogku iki mengko dadi jujugan uwong sing pengen ngerteni bab sejarah jaman biyen lan tentu kanggo uwong sing wis ngerti lan nyenengi barang lawasan..
tulisan penuh(kebak) tememplek neng koco warnetan, ora urungo kudu antri yen pingin gunakke..jane ora sabar, nanging kudu ngenteni..
untung wae sing jogo warnet kui koncoku kabeh, dadi ora nglangut ngenteni antrian..jagongan ngalor-ngidul ra kroso wis sak jam anggonku ngenteni..
let sedilit alarm muni..nandakke meh ono sing metu..tanpo pikir dowo aku langsung wae tumuju bilik sing wis kosong kui, lungguh karo uthak-uthek dilit..ngerti-ngerti ora eneng angin ora eneng angin kok mak pet oglangan..
tentu wae marai emosi, grundel..jan wektuku sio-sio tenan..